Naskah Drama Bahasa Jawa





WONG SABAR REJEKINE JEMBAR
Prakas : Wowo' ( pemeran utama /kembarane Jimen )
Nur : Ibu Wati ( ibune Bowo )
Prima : Jimin ( koncone bowo / kembarane Wowo' )
Udin : Yono ( bapake jimin /pengusaha )
Yubi : Guru
Irma : Tutik (anak sombong )
Novian : Mono (konco Tutik )

Ibu Wati anak pengusaha kang gedhe . Ana kadadean kang kudu ditrima marang awake dewe yaiku diusir marang kaluwargane amarga isin kudhu nanggung kelakuan anake sing gawe gawe ala jeneng kalwargane kanyata Ibu Wati ngandung anak kang durung kaiket dene pernikahan . Akhire Ibu Wati mutusake lungo menyang Semarang . Modal duit sing digowo suwe- suwe mulai entek amarga sifat Bu Wati kang boros . Duit sak piro piro ludes kanggo urip sugihe . Kanthi ngrasakake kang arane serete duit . Melbu wulan ke 9 luwih 10 dina anak kang sing ora dikarepake lair bayi kembar kanthi kahanan kang kurang cukup. Bayi kuwi dikei jeneng yaiku Bowo lan kembarane ora di asuh karo ibu Wati nanging di asuh marang bidan kang bantu proses kelairan bocah mau kang ora lain yaiku mbakyune Pak Yono . Nanging ibu wati ora ngerti nek bidane niku mbakyune Pak Yono, anak kang di asuh pak Yono di paring asma Jimen. Pak yono
termasuk pengusaha kang berhasil. Kang duweni pirang pirang perusaan lan manggon ing kabupaten Semarang. 17 tahun sakwise, Bowo kang urip aben dina disia-sia marang ibune . Bowo awit cilik wis gelem rekoso dodol koran kanggo
kebutuhan uripe lan sekolahe amarga ibune wis ora gelem biayai Opo meneh wanci pendaftaran SMA arep dimulai . Ing wengi seminggu sak durunge wanci pendaftaran dimulai .

Wowo'     : "Bu, kula sampun lulus SMP . kula badhe nerusaken wonten SMA ."
Bu Wati    : " Haaaa , nduwe duit po ra ? "
Wowo'     : " Ngeeh ,ibu menika pripun? "
Bu Wati    : " Maadang wae rekoso , arep sekolah ? " " Emang sekolah duwur- duwur gawe kowe sugih                  po ? " " Wong Mas Tono sing lulusan UGM wae gaweane lontang lantung kok ! ! "
Wowo'     : " Nggeh pun bu ,menika ibu mboten kersa biayani kula badhe ngandalaken koran kula .
Bu Wati    : " Yo kono nek karepmu ngono ! "

Akhire dina pendaftaran SMA dimulai . Wowo' ketrimo ana ing SMA unggulan kutha tinggale . Seminggu wis mlaku . Sekolah dimulai . Wowo' entuk konco anyar
asmanipun Jimin. Esuk-esuk ing sekolahan .

Jimin                       : " Eh Kowe " . ( nunjuk wowo' )
Wowo'                     : " Ono opo ? " ( nyedaki Jimin )
Jimin                       : " Tak emat-emat aben esuk kok kringeta to ? "
Wowo'                     : " Hehe ,aku aben dina esuk dadi loper koran ."
Jimin                        : " Wah aku salut karo uripmu , penuh perjuangan . "
Wowo'                    : " Yoo , aku nek ora koyo ngono ora iso sekolah ."
Jimin                       : " Eh jenengmu sapa ? " ( ngulurke tangan )
Wowo'                  : " Wowo' " ( ngulureke tangan salaman )
  
Bel mlebu sekolah muni . Pak Guru mlebet wonten kelas .

Guru    : " Sugeng enjang putra putra . "
Siwa    : " Enjang paaaak ." (serempak )
Guru    : " Piye rasane dadi cah SMA ? "
Mono    : " Ra piye-piye pak . Haaa Bp piye mbiyen pas SMA ?

" Kanggo pengantar pelajaran akhire Pak Guru nyritakake pengalaman pengalaman masa- masa SMAne . Rampung  crita ,banjur Pak Guru ngekei tugas marang siswane yaiku tugas kelompok kang pasang pasangan .

Jimin      : " Kowe karo aku yo bro . " ( nepuk geger Wowo' sing nig sebelahe )
Wowo'    : " Yo wis gampang ."
Jimin       : " Lha meh garap kapan ? Ning ndi ? "
Wowo'    : " Aku manut wae sing penting ojo wayah wengi . "
Jimin       : " Ning omahmu piye? "
Wowo'    : "Mmmm..piye yooo ? " ( muka bingung ) " Asline rapopo Min , tapiek engko ora
      nyaman piye ? "
Jimin       : "Nyaman nyamaan . Santai wae nek karo aku Wo' . Maksute ning omahmu ben aku                       ngerti alamat omahmu ." ( ngrangkul pundakke Wowo' )
Wowo'    : " Yo wis , pakem ya ning omahku . Oh yo dinone Minggu sore wae Min jam 5 piye , iso                      ra ? "
Jimin       : " Iso banget wi Wo' "
Wowo'    : ' Siiip "

Srengenge wis ketok nandakake wayah bocah - bocah podo mangkat sekolah . Ana ing sekolah akeh kegiatan kang dilakoni bocah bocah kanthi ora kroso bel bali sekolah muni . Wowo' lan Jimin bali mlaku bareng . Ing mburine ono Tutik lan Mono kang ngglendengi Wowo' lan Jimin .

Tutik    : " Mon mon , kae hlo Mon . ( nyikut Mono ) " Wowo' karo jimin klop banget yo                                      podho podho plolore hahaha . '
Mono    : " Biasa to paling gek adaptasi . "
Tutik    : " Aku kok penasara yokaro yo Wowo'ono sing bedo wae . "
Mono : " Aaaa, ada butiran cinta ya ? " " Tak omongke po ? " ( guyonan )
Tutik    : " Ah kowe ki ra lucu Mon , masak aku karo Wowo' ?? " ( ngacungi awake dewe )
Mono    : " Ati ati benci bisa jadi cinta " " Wislah gas ndang bali. "

 Minggu sore Jimin moro ning omahe Wowo' .

Jimin    : " Assalamu'alaikum , Woo' ? " ( ngetuk pintu )
Bu Wati    : " Sopo yo , ganggu wong turu wae ! "
Wowo'    : " Ngapunten bu, niku kanca kula . "
Bu Wati    : " Kowe mesti meh dolan to ? "
Wowo;    : " Mboten bu mboten . Kula badhe garap tugas ." ( mlaku arep buka pintu )
Bu Wati    : " Yo wis kono cepet bukakke lawange , selak brisik ! "
Wowo'    : " Nggeh bu . "

Wowo' alon alon metu, buka pintu .
Jimin    : " Wo', aku ganggu yo ? "
Wowo'    : " Ora kok Min , ibuku gek kesel wae ."
Jimin    : " Tenan ki ? "
Wowo' : " Iyo tenan kok . " ( ngrangkul pundak Jimin ngajak mlebu )
Jimin : " Yo wis yo lek ndang garap , terus rampung ."
Wowo'    : " Ok Ok . "

Akhire garapane rampung. Dina Senene tugase diwaca ana ing ngarep kelas .

Guru    : " Para siswa piye tugase , wis padha rampung durung ? " Sap sig arep maju ndisik ? "
Wowo'    : " Kula pak ." ( ngancungke telunjuk )
Tutik    : " Kemlinthi , cilik cilik kewaneen ."
Bowo : " Eghmm , tapi kan ganteng "
Mono    : "Ah sombong koyo ganteng wae '
Guru    : " Wis wis ojo do ribut . Ayo Wo' cepet maju . "
               
Rampung presentasi Jimin marani Tutik lan Mono kang uwis nyletuk sing
ora ora marang Wowo' .

Jimin : " Tik , tik kowe ki kok isone nyengeti uwong . " ( gedek gedek)
Tutik    : " Aku uwonge emang ngene kok , Daripada kowe sok jagoan. "
Jimin    : " Yo ra ngono , dhewe kan konco masak iyo podha padhu eleke uwong sing durung
  tentu benere ? "
Tutik    : "Karepmulah ! "

Ora kroso wektu nunjukake jam mulih , murid- murid ribut siap siap bali . Bocah bocah banjur wis podho bali . Ora koyo bocah liyane Wowo' bali sekolah ora
langsung menyang omah nalika nyambut gawe dadi tukang semir ana ing plataran mesjid agung kutha kuwi . Gawean kuwi dilakono amarga kabutuhan kang during kacukupan .Ana ing mesjid agung Wowo' ketemu pengusaha jang asmane BPak Yono kang orang lain bapake Jimin .

Wowo'    : " Paaak semir paaaak " ( nawar nawari )
Pak Yono : " Le , mrene le . Tulung nggon aku iki desemirke yoo ? " ( karo ngawe ) " Le , ora
        sekolah po ? Yah mene kook nyemir sepatu ? " ( ngemat jam tangan )
Wowo'    : " Mboten kula sampun wangsul "
Pak Yono : " Wah kowe kok rupane mirip anakku . " ( kening mengkerut ) " Eh wis ya tak solat                             ndisik . Le , nek during solat mbok solato ndisik engko lagi nyemir eneh "                                                     ( ngelus rambut )
Wowo'    : " Nggeh pak monggo "

Rampung solat Pak Yono ngancani Wowo' kang lagi nyemir sepatune . Sak wise
rampung di semir Pak Yono balik menyang kantor . Pak Yono kondur wonten dhaleme wanci sore .

Pak Yono    : " Jimiiiiin, bapak bali "
Jimin          : " Nggeh paaak " ( mlaku mara bapake ) " Wah tumben sepatune kinclong ? "                                      (nyangking sepatu )
Pak Yono    : " Sopo ndisiik , bapakmu kok . " ( ngelus rambut ) " Le iki mau sing nyemir sepatu    
           bocah sak pantaranmu lho . Bocahe kuwi prihatinan . "
Jimin         : " Wah nasibe koyo kancaku , tapi nek konco ku kuwi saben esuk dadi loper koran . Pak
      nek pareng koncoku dibantu yooo  pak? "
Pak Yono    : " Sesok yen bapak ning omah , dijak dolan mrene wae "
Jimin       : " Ok man ! "

Esuk esuk ing sekolahan .

Jimin    : " Wo',kapan kapan ning omahku yo ? " ( ngadeg  jejeran ana lawang )
Wowo'    : " Ngopo ? "
Tutik    : " Heeh mingir minggir aku meh lewat !"
Jimin    : " Monggo ratu , ratu judes ."
Tutik : " Kok nyolot kowe ? "
Jimin    : " Lha piye to ? "
Mono    : " Uwis to masalah cilik we diributke . Mbendini kok mung ece ecean "( misahke tutik)
Tutik    : " Piye to kowe , kowe ki belani sopo, jare koncoku ?"
Guru    : " Ono opo iki cah ? " ( guru lewat )
Wowo'    : " Mboten pak , mboten wonten napa napa. " ( mesem )
Guru    : " Wis saiki pada bubar wae , podo ngapuran ngapuranan "
Tutik    : " Wo' dingapura ya , ne slama iki aku mung ngeceni kwe terus " ( ngulurake tangan )
Wowo'    : " Iyo ra popo Tik , ra ece ecean ki ra asik "
Tutik    : " Ya wis kanggo tanda ngapuraku mengko ning kantin, cah loro pas ngaso yo ? "

Bel melbu muni , siswa-siswa pada lugguh ana bangkune dewe- dewe.

Tutik    : " Mon Mon tak omongi tentang Wowo' "
Mono    : " Aaa..mesti sing mau esuk ? ? "
Tutik    : " Ora yoo.. Aku mung tambah penasaran karo Wowo' "
Mono    : " Penasaran po penasaran ? "
Wektu kanthi alon alon mlaku , Wowo'  

suwe- suwe cedak karo Tutik . Ra dikiro bocah loro kuwi podo podo duwe rasa
tresna kajaba ora gelem ngomongake langsung anane mung tamat tamatan
nanging tingkahe ora bisa ngapusi konco koncone . Suwe suwe tingkah lakune nek
ngetoki seneng . Bel bali sekolah kumandang nandakake siswa siswa wayahe bali sekolah

Jimin    : " Wo , ning omahku yo ? " " Mumpung bapakku ning omah "
Wowo'    : " Saiki ? "
Jimin    : " Ora ! sok bodho , yo saiki laah . "
Wowo'    : " Yo ayo , tapi ra suwe to ? "
Jimin    : "Ora kok . "

Jimin lan Wowo' langsung menyang omahe Jimin . Banjur podo nemoni bapakke Jimin .

Jimin        : " Pak...Bapak ? "
Pak Yono  : " Opo Min ? "
Jimin        : " Ki hlo ono kancaku sek tak critakke wingi ."
Pak Yono    : " Yo , kon njagong sek "
Jimin          : " Nggih pak " " Wo' njagong sik kono "

Pak Yono nyamperi  koncone Jimin

Pak Yono    : " Loh le , kowe kok ning kene ? " (kaget )
Wowo'        : " Enggih pak , niki kula dijak Jimin mriki "
Pak Yono    : " Oalaaah jebul kowe  koncone anakku , pentes lo nek kakang adi karo anakku "
Wowo'       : " Hehe . enggih nopo Pak ?
Pak Yono    : " Wo' kowe ki asline mirip ..... ora ding ora popo , Min kono kancamu gawekke                                    wedang sik ! "
Wowo'     : " Mboten sah repot repot pak , matur suwun "
Jimen       : "nyoh wo' wes tak gawek'e"
P. Yono    : "wo' kwe kie saiki cita cita mu apa?"
Jimen        : " nika pak , dokter . hahaha"
Wowo'      : " hehe, mboten ding"
P. Yono    : " ojo ngono wo' nek kwe pancen karep, apa sing ra mungkin ge uwong pinter ko                                 kwe."
Wowo       : "nggeh pak , pandongane mawon", " nggeh pun pak kula wangsul rumiyen,
                     Assalamu'alaikum"
Jimen lan P. Yono : " yo ati ati wassalamu' alaikum"

Wowo' akhire bali marang omahe.

Jimin           : " Pak kae mau asline bali merga di goleki ibune nek ora ya biasa laah loper koran "
Pak Yono     : " Hlah ibune piye tooo ? "
Jimin            : " ibune niku , pripun nggeh ,.... niku we mlbu SMA empun bejo "
Pak Yono    : "Laa bejo piye??   Bapake??
Jimen          : " Haaa Wowo' kadose mpun mboten gadah bapak kok !"
Pak Yono    : " mati po?? "
Jimen         : " nggeh niku kula nggeh mboten ngertos"
Pak Yono    : " Yo wes sesok tak nemoni Gurumu"

Enjangipun pak yono dateng marang sekolahan kanthi tujuan konsultasi tentang Bowo'

P. Yono      : " assalamu'alaikum "
Guru          : "  walaikumsalam, eh pak Yono "
Pak Yono    : "nyuwun ngapunten pak, ngrepoti, sepindah silaturrahmi kaping kalih kulo badhe                             nyuwun pirso tentang mas bowo"
Guru          : "bowo sinten nggeh, kelas pinten ?"
Pak Yono    : " bowo sing sak kelas kalian jimin putra kula"
Guru          : "owalah bowo supriyono , sing seneng topo noto boto ambruk sedoyo noto meneh                         sepuluh dino"
Pak Yono    : " Nggeh kintene niku pak ? "
Guru           : " Oh nggeh nggeh tak padhoske datane riyen pak ." (karo madhos data datane )
         " Naaaah niki paak "
Pak Yono    : " Pak saged jelaske tentang mas Bowo' niku ? "
Guru           : " kerso pak . Bowo' niku bocah kang pinter dheweke saged mlebet murid teladan tahun
           2010 sak Provinsi . Kulo bangga kalian Bowo , nanging kadose keadaan ekonomine                   hambat keadaane ."
Pak Yono    : " Pantes paak , kula wis tau semerep ."
Guru           : " Semerep nopo ? "
Pak Yono    : " Semerep Bowo' dados tukang semir sepatu . "
Guru          : " Astagfirullah , kula gek ngertos Bowo' sekolah saking hasil kringete dhewe . "
Pak Yono    : " Ngenten paak , kulo gadah ide. Pripun nek kagem biaya sekilahe mas Bowo' kula
          tanggung sedaya ngantos kuliah . "
Guru          : " Leres pak . Tapi po mboten ngendika kalih ibune riyin ?"
Pak Yono    : " Masalah niku gampang , masalah administrasi mangkeh kula lebetke langsung
          wonten SSP.ne . "
Guru          : " Oh ngeeh nggeh pak badhe kula urus secepete . Nanging kula badhe rembug kalian
         Bowo' . "
Pak Yono    ; " Matur nuwun sanget nggeh pak ." (ngulurke tangan salaman )
Guru          : " Sami sami pak . " ( salaman )

                Ora disengaja Mono lan Tutik lewat ono ngarep kantor lan krungu opo kang
dikendikake Guru kalian Pak Yono .

Tutik    : " Mon Mon krungu ra mau sing diobrolke Pak Yono karo Guru?"
Mono    : " Ah aku ra ngerti . "
Tutik    : " Ah koe ki opo sing ngerti ? "
Mono    : " lhaa aku gek ing ngamatke kae kok "
Tutik    : " Aaaaa mesti gek ngamatke murid kelas sebelah kae to ? "
Mono     : "Haaaaaaaaaaaa! Kepo loe , ono opo to?
Tutik     : " Kae lo. . . . sing tentang bowo' kae lo . . .
Mono    : " La piye to?
Tutik     : " ikhh . . . . . . . kowe ki . . . mesti kowe ngelih to (narik tangane Mono)
Mono    : " Yo wis kantin wae yo "

Tekan kantin . Akhire Tuti nyritakake opo sing ora sengaja di rungokke.

Tutik    : " Ngene lho Mon . Mau ki nek ora salah krungu Pak Yono arep biayai sekolahe Bowo' ."
Mono    : " Wooh tenane wae ? " " Kae ki nek dadi kakang adhi pancen pantes kook . Rupane
     wae mirip . "
Tutik    : " Ah ngawur wae masak kakang adhi , Jimin wae miliarder ning sekolah iki masak iyo
  kakang adi karo Bowo sing loper koran . "
Mono   : " Haa mbok iyo nek di emat emat kan podho . Jajal pisan pisan nek gek mlaku bareng
  di emat ? " .

Bel melbu sekolah wis kaprungu .

Tutik    : " Mon balik yo wis bel
kii . "
Mono    : " Ora noimongke Bowo' eneh ? "
Tutik     : " Wah nek ngomongke Bowo' ki ra ono akhire "
Mono    : " Haha .. koyo cintamu karo Bowo' to ? "
Tutik     : " Aaaa ora yoooo " ( isin ) . Wis wis ayo lek ndang melbu kelas .

Akhire Tutik lan Mono tekan kelas . Ing wayah bali sekolah P.Guru tidak wonten
griyanipun Bowo' maringi surat kagem ibune Bowo '

P.Guru    : " Assalamu'alaikum? "
Bu Wati    : " Sinten nggeh ? " ( karo buka lawang )
P.Guru    : "Kula gurune mas Bowo' badhe konsultasi tentang mas Bowo'."
Bu Wati    : " Oh nggeh nggeh mlebet riyen "
P.Guru    : ( mlebet )
Bu Wati    : " Pripun paak kok kadhose penting sanget "
P.Guru    : " Pripun nggeh bu , kula mboten penak badhe ngendika ."
Bu Wati    : " Pun pak nek Bowo' sampun mboten saged sekolah amargi biaya di tokke mawon                            pak. "
P.Guru    : " Mboten niku bu sing kula karepke . "
Bu Wati    : " Lha terus ? "
P.Guru    : " Niki bu , wonten pengusaha ingkang purun beasiswani Bowo' kanthi lulus kuliah lan
       Sedaya kebutuhanipun . "
Bu Wati    : ( kaget ) "Hla terus kula kon pripun ? Kula pun kesel mikirke sekolahe Bowo' lan cita
citane kang dhuwur banget. Untunglah nek ono sing gelem biayai sekolahe , dadi ora    susah golek duit biayai sekolahe ." Eh eh tapi sinten nggeh pak asmanipun pengusaha niku ?"
P.Guru    : " Haduuh ibu niku pripun kagungan anak setunggal pinter kok kirang bersyukur . "
Bu Wati    : " Pak Guruu kula tanglet asmanipun pengusaha niku sinten ? " Kula pengen pirsa ! "
P.Guru    : " Nggeh napa njenengan rawuh wonten sekolahan mawon ? "
Bu Wati    : " Waah kula sek kathah jahitan pak ."
P.Guru    : " Nggeh sak kersane Bu Wati mawon .Kula tak terusan mawon bu pun ajeng jawah "
Bu Wati    : " Nggeh pak matur nuwun , ngantos atos nggeh. "
P. Guru    : " Wassalamu'alaikum"
B. Wati    : " Wa'alaikum salam "

Seminggu sawise Pak Guru, Bu Wati, Pak Yono janjian ketemu Ing ruang kepala
sekolah sawise jam sekolah wes kelar.
B. Wati    : " Assalamu'alaikum " (tok, Tok, Tok)
P. Guru    : " Walaikum salam, mlebet bu mlebet,"
B. Wati    : "dingapunten pak sek saged rawuh"
P. Guru    : "mboten napa napa bu, mlebet mlebet." Mangga lenggah rumiyin.
                     (pak guru  akhire telpon pak yono ngabari yen ibuke bowo sampun rawuh)
P. Guru : " keh riyen geh bu sinambi nengga bapake" (Ora nganti suwe pak Yono Rawuh
    kalian Jimin lan Bowo' )
Bowo    : " Assalamu'alaikum , Loh kok ibu"
P. Guru    : " Walaikum salam mlebu lee" ki golei ibumu "
Pak Yono    : " Assala.. .. . Wati???
B. Wati    : " Mas Yono? (mrebes mili)
P Guru : " Jenengan sampun podho kenal? "
Bu Wati : " Mmmmm..pripun nggeh paak . waaah kula mboten saged crita wonten mriki paak "
P.Guru : " Nggeh pun nggeh tak tinggal wonten wingking riyin "
Bu Wati : " Nggeh pak sekecakke mawon " ( mesem )
Pak Yono : " Eh Wati berarti Bowo' kuwi kembarane Jimin ? "

Akhire Bu Wati , Pak Yono , Jimin , lan Bowo' kumpul dadi siji kang dadi keluarga
sempurna . Banjur lulus SMA Jimin nerusake usahane bapake lan Bowo' nglanjutake cita citane kuliah ing fakultas kedoktern UGM . Nasib Tutik nunggu cintane Bowo' lan nerusake ing fakultas
Akuntansi . Banjur Mono nerusake sekolah ing fakultas akuntansi UNY . Akhire keluarga mau urip sempuna lan sakinah , tentrem lan serba kecukupan . INTINIPUN " Urip iku mboten  andang

tahta lan harta kajaba niat lan manteb kang opo sing dikarepake "


Anda baru saja membaca artikel yang berkategori pendidikan dengan judul Naskah Drama Bahasa Jawa. Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://primasarastio.blogspot.com/2013/12/naskah-drama-bahasa-jawa.html. Terima kasih!
Ditulis oleh: Unknown - Monday 30 December 2013

5 komentar untuk "Naskah Drama Bahasa Jawa"

  1. bisa jadi referensi untuk naskah dramaku di sekolah ni, makasih gan
    ijin copas y.

    ReplyDelete
  2. bagus nie artikel, bisa bantu saya menyelesaikan tugas... . good job... .

    ReplyDelete
    Replies
    1. iya semoga tugas sobat bisa selesai dengan nilai yang baik.. :)

      Delete
  3. Nyuwun sewu badhe ndherek ngopy, pakDhe matur sembah nuwun, lemah teles, Gusti Allah ingkang Mbales....

    ReplyDelete